Minggu, 28 Oktober 2012

Asmaradana

Asmaradana utawa Asmarandana iku sawijining jinis tembang macapat. Tembang Asmarandana umumé kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yèn dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artiné tresna, lan dahana kang artiné geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isiné wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.
Asmarandana diracik saben pada (bait) ana 7 gatra (larik).
8-i
8-a
8-é
8-a
7-a
8-u
8-a
Tuladha Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta
Aja turu soré kaki
Ana Déwa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanané
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bagéyanipun
wong welek sabar narima
sumber: wikipedia bahasa jawa